TULADHA TANGGAP WACANA
ING PAKEMPALAN SISWI-SISWI
Assalamualaikum Wr. Br.
Bapak-bapak saha Ibu-ibu guru ingkang tuhu kinabekten adik-adik siswa-siswi anggota SMP 1 Undaan ingkang saestu kula trisnani.
Mangga kula derekaken ngonjukaken puja-puji pujiastuti ingkang ngersanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Agung, awit kita sedaya sampun saged makempal wonten ing papan panggenan punika saperlu anggadani pepanggihan siswa-siswi.
Kula minangka pranata acara ing mriki sanget rumaos suka bagya awit adhik-adhik sampun kagungan niyat tuwih tekat luhur inggih punika makempal ing wadhah aula SMP 1 Undaan punika.
Ingkang punika mratandhani bilih adhik-adhik klebat ing perangan siswa-siswi ingkang sadhar dumatheng maknaneng patunggilan utawi persatuan lan kesatuan.
Awit sangking punika, kula suwun mugi-mugi adhik-adhik tansaha ngindhakaken kandhareng patunggilan punika kanti pakaryan-pakaryan ingkang saged murakabi tumpraping alam pembangunan ing negarikita punika.
Dumateng adhik-adhik ingkang hanggadahi kagungan punapa kemawon, mugi sageda utawi kersa nularaken kagungan wau.Dumateng adhik-adhik sanesipun, murih sedaya adhi-adhik siswa-siswi ing mriki sageda tambah sesarepan saha saged nyurung kemajengannipun pasinaon, sahingga saged kanti gampil gayoh cita-cita nipun.
Satunggal lan satunggalipun mugiya tansah taos pepenget mbok bilih wonten tindak ingkang naliser saking grising kaleresan, sahinnga saged dados panutaneng adhik-adhik ingkang kawula hormati.
Mekaten atur kula, mbik bilih wonten atur kula ingkang katliwar nyuwun agungeng pangaksama.
Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah
Wassalamualaikum Wr. Wb.