Pidato Dalam bahasa jawa untuk malem resepsi
(Saumpami mawi undangan saking Tritunggal)
(Kaasta dening ketua Panitia)
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Camat saha Ibu.
Ingkang kinurmatan Bapak Komandan Kodim Saha Ibu.
Ingkang kinurmatan Bapak Kapolsek saha Ibu.
Ingkang kinurmatan Bapak Lurah saha Ibu.
S.ilui para rawuh sadaya ingkang kula kurmati.
K ulu atas nami………………, ngaturaken puji syukur wonten
ngarsanipun Pangeran ingkang maha Agung, dene sampun maringi i kanugrahan
dhumateng kula saha panjenengan sami, katitik kula
saha panjenengan sami
saged mekempal wonten ing…………………..
(pangeran) mriki , saperlu ngawontenaken malem resepsi
Salajengipun kula atas nami ketua Panitia ……………. ,
ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh sadaya ingkang sampun kanthi rila legawaning manah atur pambiyantu ingkang awujud moril saha materiil, kangge pahargyan malem
resepsi…………punika. mBoten kantun kula ngaturaken agenging
panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak-bapak Tritunggal saha bapak Lurah ingkang sampun ngentengaken
anggen kita ngawontenaken malem resepsi…………………………ing
dalu punika.
Kula atas nami………………….., mboten saged ngaturi punapa-
punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken puja pudyastuti mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan angsala piwales kanugrahaning Pangeran ingkang matikel-tikel lan mawantu-wantu.
Kados sampun kaserat wonten ing papan hadicara bilih malem
resepsi ……………….. punika kita laksanakaken ing wanci dalu
punika. Pramila kula atas nami ketua panitia……….., mawantu-
wantu nyuwun dhumateng para rawuh supados angiajengaken kalenggahan ngantos sak pumaning pawiwahan malem resepsi ………………punika.
Ngengeti padet lan panjangipun adicara kirang prayogi ma-nawi pambukaan punika kula panjang lebaraken, pramila atur pambuka kula cekapi semanten kemawon mbok menawi wonten sungsanging atur saha menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam billahit taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun !
Pidato diatas untuk pembuka dalam sebuah acara malam resepsi dalam bahasa Indonesia.