No:02
Nama:Aji Santiko
Kelas:IX-C
Mapel:Bahasa Jawa
Keterangan:Remidi
Pidato Perpisahan Kelas 9
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng enjang sugeng pinanggihan malih
Ingkang kinurmatan bapak kepala Sekolah SMPN 1 Pati
Bapak saha ibu guru ingkang kula kurmati ugi
Rencang-rencang ingkang kula tresnani
Wonten adicara punika, mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kita sedaya kasarasan lan kanikmatan.
Kula minangka wakil rencang-rencang kelas 9 ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak kepala Sekolah SMPN 1 Pati saha sedaya guru ingkang sampun anggulawentah kawula wonten sekolah ngkriki, kanthi sae sanget, mboten ngertos sayah, sabar, lan mboten mbedaaken murid setunggal kalian murid sanesipun. Amargi jerih payahipun sedaya guru, kawula saged lulus saking SMP punika. Kawula mboten bade ngklalekake sedanten keluarga besar SMPN 1 Pati. Mugi-mugi dados paseduluran ngantos mbenjeng. Kula inggih mboten lali kabecikan ingkang bapak ibu guru parengaken dhumateng kawula, mugia dados amalipun bapak ibu guru mbenjeng.
Mugi-mugi bapak kepala sekolah saha sedaya guru wonten sekolah punika dipun paringi kasarasan lan kaselametan. Semanten ugi dhumateng rencang-rencang sedaya lan adhik-adhik kelas 7 lan 8 saged dados murid ingkang sae, pinter, lan gadhah prestasi ingkang linuwih nginggil tinimbang kawula.Kawula ugi nyuwun pangestunipun bapak kepala Sekolah, sedaya guru lan adhik-adhik kelas 7 kalih kelas 8, supados kawula saged nerasaken sekolah ingkang luwih nginggil. Saged wujudaken kekawruhan kawula piyambak-piyambak.
Kula lan rencang-rencang kelas 9 ugi nyuwun pangapunten menawi nalika kawula wonten sekolah ngkriki gadhah lepat kalian sedaya guru, adhik-adhik kelas 7 lan kelas 8.
Kula kinten cekap semanten atur kawula, menawi wonten dunodungkap atur kawula nyuwun samudra pangapsami.
Nuwun
Wassalamualikum Wr.Wb